Assalamu’alaikum wr.wb.
Katentreman,
kawilujengan, saha kamulyan mugi kajiwa kasarira wonten ngarsa kula panjenengan
sedaya, waradin sagung dumadi.
Panjenenganipun
Bapak Prof. Dr. Sudijono Sastroatmodjo, M.Si. Rektor UNNES ingkang dhahat
sinudarsana.
Panjenenganipun
Bapak Prof. Dr. Masrukhi, M.Pd, Pembantu Rektor Bidang kemahasiswaan ugi
minangka pemateri wonten adicara siang menika ingkang tansah kinurmatan.
Bapak saha Ibu
dosen ingkang winantu ing kamulyan, para kadang mahasiswa-mahasiswi UNNES
ingkang sanget kula tresnani.
Pinurwakan
kanthi muji syukur wonten ngarsanipun gusti Allah SWT, Ingkang MahaMirah lan
Asih, ingkang sampun paring pinten-pinten kanikmatan, kabahagyan saha
katentreman…katitik ing wekdal punika, kula panjenengan sedaya saged makempal
wonten ngriki, kanthi mboten wonten alangan satunggal punapa.
Nuwun
sanggyaning para tamu kakung putri ingkang winantu ing kamulyan. Keparenga kula
cumanthaka marak sowan, wonten ngarsa panjenengan sedaya, awit ngemban dhawuh
saking pamangku gati, supados nglantaraken rantaman adicara wonten siang
punika:
Sepisan :
Pambuka
Kaping kalih :
Atur pambagyaharja saking pangarsa panitya dening Bapak Dr. Amin Yusuf, M.Si.
Kaping iganipun : Tanggap sabda saking Rektor Unnes
panjenenganipun
Bapak Prof. Dr. Sudijono Sastroatmodjo, M.Si.
Kapingsekawan : Seminar kanthi irah-irahan “Budaya
Sebagai Fondasi
Pendidikan Karakter” dening
Bapak Prof. Dr. Masrukhi M.Pd
Kaping gangsal : Tanya winangsulan
Kaping nenem : Panutup
BapakIbu
saha para tamu sedaya ingkang winantu ing pakurmatan.
Mekaten rantaman
adicara wonten seminar siang punika.
Wasana
sakderengipun acara seminar dipunwiwiti, mangga sareng-sareng maos Basmallah
rumiyin: Bismillahirrohmanirrohim.
Bapak saha ibu
ingkang kinabekten,
Mengah
titilaksana adicara selajengipun nun inggih: Atur pambagyaharja saking Pangarsa
Panitya, katur panjenenganipun Bapak Dr.
Amin Yusuf, M.Si. kula sumanggakaken, nuwun.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar