Pasrah
Temanten (Ngundhuh Mantu)
Assalamu’alaikum
wr.wb
Linambaran kanthi hamemuji konjuk
ngarsaning Gusti Allah SWT, mugi kula lan panjenengan sedaya pinaringan rahayu
slamet. Amin
Nuwun,
Panjenenganipun Bp.........minangka wakil saking Bp Ibu...........ingkang
winantu ing suka basuki.
Linambaran
kanthi ngunjukaken puji syukur wonten ngarsa dalem Gusti Allah SWT, Dzat
Ingkang Maha Suci, kula pun...........minangka wakil saking panjenengan Bp
Ibu...........sekaliyan, kepareng matur wonten ngarsa panjenengan :
Sepisan :
Awit
berkah pangestu panjenengan lampah kula wiwit saking griya...........ngantos
dumugi ing dalem ngriki, lancar gangsar nir baya nir sangsaya.
Kaping kalih :
Panjenenganipun
Bp.........sekaliyan, ngaturaken salam taklim katur panjenenganipun
Bp.........sekaliyan, mugi katampia kanthi suka renaning penggalih.
Kaping tiganipun :
Menggah
wigatosipun sowan kula sakbrayat menika, namung masrahaken penganten sarimbit
nun inggih nakmas bagus............lan nimas ayu............wonten ngarsanipun
Bp..............sekliyan garwa.
Kanthi
menika mugi katampia kanthi suka renaning penggalih.
Kajawi
kasuwun ngrengkuh kados putranipun pribadi, ugi kersoa nggulawenthah, nenuntun
lan maringi pitedah-pitedah dhumateng penganten sakrimbit murih saged gesang
ingkang mulya, tentrem ayem, guyub rukun ngantos kaken-kaken lan ninen-ninen.
Wasana,
kula ingkang minangka wakilipun Bp Ibu..........sekaliyan, wonten atur kula
ingkang kirang nuju prana, kula nyuwun agunging samodra pangaksama. Nuwun
Wassalamu’alaikum
Tidak ada komentar:
Posting Komentar