Aku
lan Awakmu
Dening Setiani Supriyatin
Aku
ora ngerti awakmu…
Merga
awakmu ya ora ngerti aku
Aku
ora ngerti panjalukmu…
Merga
awakmu ya ora ngerti panjalukku
Aku
ora ngerti pandongamu…
Merga
awakmu ya ora ngerti pandongaku
Aku
ora ngerti apa isine jero atimu
Merga
awakmu ya ora ngerti isine jero atiku
Siji
sing aku lan awakmu mesti ngerti
Yen
tresna marang wong liya
Aja
nglewihi tresna marang Gusti
Tidak ada komentar:
Posting Komentar