Gusti Allah
ingkang Maha Wikan
Dalu punika
Sami kaliyan dalu-dalu sanesipun
Ketingal latu mangah-mangah
Lava pijer ing redi Merapi dumeler
Kados dene lepening latu
Ingkang tansa mili tanpa kendhat
Ing pucuking redi
Kebak sela, wedhi, punapa dene
toya
Sampun cepak badhe ngileni lepen sakiwa tengeneipun
Ugi, wedhus gembel sawanci-wanci saged
medal
Saengga badhe nggosongake menapa kemawon ingkang keliwatan
Malah saged-saged ndumungekaken pralaya
Ananging
Rinten dalu kula tansah mbegegeg ing mriki
Saerenging redi
Nyawiji kaliyan redi
Boten lila menawi kedah ngungsi
Awit sampun kados sedherek sinara wedi
Naming panyuwun kuwula
Mugi panjenengan
paring keslametan
Samangsa merapi nguntahaken isining bantala
Amrih sedaya ingkang gesang wonten dhusun asri unika
Pinaringan waluya jati
Amin.
Pustaka candra, No.7, Oktober 2006
Tidak ada komentar:
Posting Komentar