Rabu, 25 Juni 2014

Pamulangan



Pamulangan
Jare simbah aku kudu sekolah
Ben dadi bocah nggenah ra nggladrah
Jare rama ibu aku kudu sregep mangkat
Ben dadi wong pangkat, urip ora mlarat
Jare bapak ibu guru aku kudu sinau
Tambah ilmu, ben kalakon kabeh kang tinuju

Nanging,
Coba delengen kahanan nyata
Apa isih bisa pamulangan ndadekaken urip tumata?
Pamulangan kang tanpa tuladha
Pamulangan kang kasatan piwulang
Pamulangan kang ngajarake angka-angka wuta
Siji lan siji ana pira?
Jare anut kang duwe kersa
Jan ora weruh subasita, trapsila, apa maneh tata krama
Kabeh lurung binarung kumalungkung
Pamulangan ora weruh pepadhang

Simbah,
Nyuwun pangapunten
Kula boten kepingin dados dokter
Jalaran duite bapak boten wonten sakoper

Rama,
Nyadong duka
Kula boten kepilut drajat lan pangkat
Jalaran ajrih sumpahing rakyat
Kang panggah mlarat sekarat

Bapak ibu guru,
Nyuwun donga pangestu
Muga-muga sedaya ilmu saged dados sangu

Tidak ada komentar:

Posting Komentar