Kamis, 19 Juni 2014

KANCA



Kanca
 dening Setiani Supriyatin

Kanca kuwi wong sing tetep ngomong, nalika dhewe nglakukaken  kasalahan
Kanca kuwi wong sing tetep ngomong, nalika kabeh wong meneng karo dhewe 
Kanca kuwi wong sing nakokaken kahanane dhewe,
lan ngenteni wangsulan saka pitakonan kuwi mau
Kanca kuwi kayata srengenge, nyinari kabeh isine donya
Kanca kuwi kayata banyu sing mili, ngademi kabeh isine donya
Kanca kuwi kayata wulan, madhangi donya nalika peteng
Kanca kuwi kayata kapompong, ngubah uler dadi kupu-kupu
Kanca kuwi kayata bandha, bandha paling apik sing dhewe nduweni
Anggolet kanca kayata anggolet ilmu
Ora ana wektu kanggo mandheg nggolekine

Tidak ada komentar:

Posting Komentar