Rabu, 25 Juni 2014

Piweling


Piweling
Dening Cantrik Gunung Prau

Bumi iki duwekmu
Warisan pusaka saka leluhurmu
Genea kowe mung kamitenggengeng
Kesengsem marang kaendahan bae
Garapen enggal garapen
Lan rumaten

Ing kono bakal tinemu
Memanik ing inten lan kencana rukmi
Kang bakal dadi sangumu leladi methuk jaman kuncara
Nerusake lelabuhane
Kang wus wayahe ngasukake sarira


Gong ganjur nywara jumlegur
Gentha ngumandhang ing tawang
Aweh tengara cetha ngengia

Awit kuwi wis kersane kang mbabar kelir
Kabeh kudu
Kudu sirna gampang

Sakabehing pepalang kakendhang banjir bandhang
Lan gegamaning trah kusuma satriya
Bakal dadi uger-ugering jagad gumelar

Tidak ada komentar:

Posting Komentar