Tresnaku
Amung Kagem Panjenengan
dening Setiani Supriyatin
Tresnaku
amung kagem Panjenengan......
Panjenengan
ingkang sampun maringi kauripan
Tresnaku
amung kagem Panjenengan.....
Panjenengan
ingkang sampun maringi sedaya kanugrahan
Tresnaku
amung kagem Panjenengan.....
Panjenengan
ingkang sampun maringi sedaya kanikmatan
Tresnaku
amung kagem Panjenengan.....
Panjenengan
ingkang sampun maringi kapinteran
Tresnaku
amung kagem Panjenengan.....
Panjenengan
ingkang sampun maringi kakuwatan
Tresnaku
amung kagem Panjenengan.....
Panjenengan
ingkang sampun maringi kapitadosan
Tresnaku amung kagem Panjenengan .....
Panjenengan Ingkang Maha Welas lan Asih
Tidak ada komentar:
Posting Komentar