Rabu, 25 Juni 2014

Tampi Penganten



Tampi Temanten
Assalamu’alaikum wr.wb
Mugi katentreman, karaharjan saha kawidanan tansah kajiwa kasarira kula panjenengan sedaya waradin sagung dumadi, amin.
Nuwun, panjenenganipun Bapak Ibu...........ingkang minangka wakil/sesulih saking Bp Ibu...........ingkang dhahat sinudarsana.
Kanthi angujukakaen raos suka-syukur wonten ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Welas lan Asih, kula pun..........minangka wakil saking panjenenganipun Bp.........sekaliyan, keparenga matur wonten ngarsa panjenengan :
Sepisan :
Panjenenganipun Bp......sekaliyan ngaturaken pambagya wilujeng rawuh panjenengan ing griya ngriki kanthi mboten wonten rubeda menapa-menapa.
Kaping kalih :
Menggah paringipun salam taklim saking Bp......sekaliyan garwa, sampun kula tampi lan tumuntun kula aturaken wonten ngarsanipun Bp....sekaliyan gawra.
Kaping tiganipun :
Pasrahipun penganten sakrimbit nimas ayu......lan dimas bagus.......kula tampi kanthi suka renanging manah. Salajengipun badhe winisuda anu satataning upacara ngundhuh mantu ing ri kalenggahan menika.
Kajawi penganten sekaliyan badhe karengkuh kadi-dene putranpipun piyambak ugi badhe katuntun, kaemong supados dados keluarga ingkang sae, guyub rukun, lestari ngantos kaki-kaki nini-nini, amin.
Sklajengipun pemengku gati nyuwun dhumateng kadang besan sak brayat, kersoa ngestreni adicara menika ngatos titi purnaneng gati.
Puput pepuntoning atur, wonten  solah bawa, muna-muni ingkang mboten damel sarjuning penggalih panjenengan, kula ngaturaken santen peresan klapa, nyuwun pangapunten sedaya lepat kula, nuwun.
Wassalamu’alaikum wr.wb

Tidak ada komentar:

Posting Komentar