Minggu, 29 Juni 2014

Ajur ing Palagan

Ajur ing Palagan
Dening  Nurhayati 

Para mudha Nuswantara
Uripmu kinemulan meaning kabegjan
Merga sunaring cahya kamardikan
Wus cumlorot nyunari nusa lan bangsa
       Nanging kudune sliramu emut
       Lan noleh memburi
       Supaya priksa kanthi premati
       Sedurunge proklamasi
Wektu iku
Rakyat nuswantara tan ana ajine
Bebasan godhong garng kang aking
Kapidak
Kailes
Katendhang wani
Dening kaum penjajag
        Nadyan among pang garing apa dene tumbah
       Rakyat nuswantara tan mundhur ing pajangka
       Maju terus maju
       Angkat watu
       Mundhak tumbak
      Nyerbu bentenging mungsuh
      Nadyan ajur ing palagan
 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar