Rabu, 25 Juni 2014

Tanggap Ing Sasmita



Tanggap ing Sasmita

Apa jiwamu wis kokgegulang
Bisa nampa sakehing piwulang
Bisa nanggepi kang aran pepedhang
Ngrasa lan ngrasuk sasmita sasmita saka kanane
Kang rumamyang anarawang kehkehane

Apa ragamu wis kokpesu
Tlesih mandhiri sakehing napsu
Pranyata tatag tanggon ora pinulas ing semu

Cegah dhahar
Isih kepara akeh sing takon dina iki apa mangan
Jer nomer siji rak dudu setoran
Nanging kawilujengan
Muga – muga padha ngerti para juragan
Ora mung waton bisa onjo
Ora mung waton oso

Nyuda guling
Isih akeh banget sing mbutuhake pitulunganmu
Pitulungan kang nyata
Bisa katampa bisa rinasa
Bisa ndunungake dununging manungsa

Lamun urip iki ora mung tumuju marang kaprawiran
Harak muspra kinubur ing kanisthan
Tong bubrah kranjang sampah kang anadhah
Iki dadia sesanti
Yen ora kaudi iya ora bisa dadi

Mulane
Jiwa ragamu apa wis kokdunungake
Dadia radhar mrih tanggap ing sasmitaNe.


Pustaka Candra No.84 Maret 1987

Tidak ada komentar:

Posting Komentar