KIDUNG KANGGO IBU
Dening : Gea Kistina
Ibu
lilakna putramu ngumbara
Maguru ing samudra ilmu
Ngrubuhake gunung ngasatake samodra
Ngranggeh lintang ing wiyati
Maguru ing samudra ilmu
Ngrubuhake gunung ngasatake samodra
Ngranggeh lintang ing wiyati
Ibu
lilakna putramu ngumbara
Ngrasakake rekasaning urip
Ngregem donya ing ngastaku
Nyigar rembulan ing sakedheping netra
Ngrasakake rekasaning urip
Ngregem donya ing ngastaku
Nyigar rembulan ing sakedheping netra
Sanajan
kudu nyabrang samodra rob
Sanajan kudu nglumpati segara agni
Sanajan kudu njugrugake arga mas
Aku bakal bali ing pangkonmu ibu
Sanajan kudu nglumpati segara agni
Sanajan kudu njugrugake arga mas
Aku bakal bali ing pangkonmu ibu
Nalika
sang bagaskara wis angslup
Ing sawaliking gunung
Nalika hyang ratri
Wis ora ngegungake kekuwasane
Aku bakal bali ing pangkonmu ibu
Ibu
wengi iki dakdhodhog korining atimuIng sawaliking gunung
Nalika hyang ratri
Wis ora ngegungake kekuwasane
Aku bakal bali ing pangkonmu ibu
Mangga bebarengan nyawang cumloroting teja
Ndandani urip ing tembe mburi
Sumungkem marang ibu pertiwi
Tidak ada komentar:
Posting Komentar