Omah
Rikala
Aku lelungan…….
Adoh
……… tumuju papan liyan
Sing
dakeling-eling kapan aku
Bali
mulih menyang omah……….
Omah
…..
Papan
panggonan kanggo mulih
Papan
panggonan kanggo ngenam penggalih
Papan
panggonan kanggo ngarih-arih
Sakehing
penggayuh kang lagi digalih
Omah
…….
Sanadyan
wujude amung prasaja
Sing
baku bisa kanggo nata ayeming nala
Ora
kudu mewah, njegregeg magrong-magrong
Kang
bisa gawe merining liyan
Omah
……..
Digawe
ora kudu nganggo dredah
Ora
kudu nganggo sawiyah-wiyah
Apa
maneh kudu nganggo njarah rayah
Apa
iya bisa digawe berkah?
Omah
……..
Sing
digawe ora kudu mewah
Berkah
amarga dadi lambang kamulyan
Berkah
amarga bisa njunjung drajat
Ora
nglelara atine rakyat
Romaluatis
Panjebar Semangat No.21
21 Mei 2011, Hlm.40
Tidak ada komentar:
Posting Komentar