Minggu, 08 Mei 2016

Indhonesia
Dening Setiani Supriyatin
Indhonesia, kuwi jenengmu
Pancasila, kuwi dhasarmu
Abang putih, kuwi warna benderamu
Bhineka Tunggal Ika, kuwi semboyanmu
Manuk Garudha, kuwi lambangmu
Indhonesia Raya, kuwi tembangmu
Ir. Soekarno, kuwi presiden pertamamu
17 Agustus 1945, kuwi tanggal mardhikamu
Negara maritim, kuwi sebutanmu
Jakarta, iku ibukotamu
Sabang lan Merauke, kuwi wates-watesmu

Aman lan sentosa, iku dongane rakyat kanggo awakmu

Minggu, 29 Juni 2014

Tuladha Pranatacara Seminar



Assalamu’alaikum wr.wb.
Katentreman, kawilujengan, saha kamulyan mugi kajiwa kasarira wonten ngarsa kula panjenengan sedaya, waradin sagung dumadi.
Panjenenganipun Bapak Prof. Dr. Sudijono Sastroatmodjo, M.Si. Rektor UNNES ingkang dhahat sinudarsana.
Panjenenganipun Bapak Prof. Dr. Masrukhi, M.Pd, Pembantu Rektor Bidang kemahasiswaan ugi minangka pemateri wonten adicara siang menika ingkang tansah kinurmatan.
Bapak saha Ibu dosen ingkang winantu ing kamulyan, para kadang mahasiswa-mahasiswi UNNES ingkang sanget kula tresnani.
Pinurwakan kanthi muji syukur wonten ngarsanipun gusti Allah SWT, Ingkang MahaMirah lan Asih, ingkang sampun paring pinten-pinten kanikmatan, kabahagyan saha katentreman…katitik ing wekdal punika, kula panjenengan sedaya saged makempal wonten ngriki, kanthi mboten wonten alangan satunggal punapa.
Nuwun sanggyaning para tamu kakung putri ingkang winantu ing kamulyan. Keparenga kula cumanthaka marak sowan, wonten ngarsa panjenengan sedaya, awit ngemban dhawuh saking pamangku gati, supados nglantaraken rantaman adicara wonten siang punika:
Sepisan                        : Pambuka
Kaping kalih                : Atur pambagyaharja saking pangarsa panitya dening        Bapak Dr. Amin Yusuf, M.Si.
Kaping iganipun          : Tanggap sabda saking Rektor Unnes panjenenganipun
                                      Bapak Prof. Dr. Sudijono Sastroatmodjo, M.Si.
Kapingsekawan           : Seminar kanthi irah-irahan “Budaya Sebagai Fondasi
Pendidikan Karakter” dening
Bapak Prof. Dr. Masrukhi M.Pd
Kaping gangsal           : Tanya winangsulan
Kaping nenem             : Panutup
BapakIbu saha para tamu sedaya ingkang winantu ing pakurmatan.
Mekaten rantaman adicara wonten seminar siang punika.
Wasana sakderengipun acara seminar dipunwiwiti, mangga sareng-sareng maos Basmallah rumiyin: Bismillahirrohmanirrohim.
Bapak saha ibu ingkang kinabekten,
Mengah titilaksana adicara selajengipun nun inggih: Atur pambagyaharja saking Pangarsa Panitya, katur panjenenganipun Bapak  Dr. Amin Yusuf, M.Si. kula sumanggakaken, nuwun.

Tembang Megatruh


Cakepan Megatruh Laras Pelog Pathet Barang

 7          5       6       7     7      6      7       5     2       2     32      7
Mangka   nya – ta   wicara – ne   se – pet   ma - du

7       7      7       7     6    67     5      765
Se – sa – do – ne   a – du   ma -   nis
 
2         3       5      5      5      6        7      6
Me – ma  - ni – se   yen   gu – mu - yu
 
3      2    2       2       3       56        2     327
A – yu   ra – ha – yuning   dhi -   ri
 5         6        6        6         7    5      65     32
Wi – dag – da   ngang   git   le –  la  - kon

Donga

Donga


Gusti Allah ingkang Maha Wikan
Dalu punika
Sami kaliyan dalu-dalu sanesipun
Ketingal latu mangah-mangah
Lava pijer ing redi Merapi dumeler
Kados dene lepening latu
Ingkang tansa mili tanpa kendhat

Ing pucuking redi
Kebak sela, wedhi, punapa dene toya
Sampun cepak badhe ngileni lepen sakiwa tengeneipun
Ugi, wedhus gembel sawanci-wanci saged medal
Saengga badhe nggosongake menapa kemawon ingkang              keliwatan
Malah saged-saged ndumungekaken pralaya
  
Ananging
Rinten dalu kula tansah mbegegeg ing mriki
Saerenging redi
Nyawiji kaliyan redi
Boten lila menawi kedah ngungsi
Awit sampun kados sedherek sinara wedi
Naming panyuwun kuwula
Mugi panjenengan paring keslametan
Samangsa merapi nguntahaken isining bantala
Amrih sedaya ingkang gesang wonten dhusun asri unika
Pinaringan waluya jati
Amin.
 
Pustaka candra, No.7, Oktober 2006